Durung Mari Wabah Corona, Banjir Teko Nang Omah

Nang endi-endi wong sik podo kemrungsung gara-gara virus Corona alias Covid-19, musibah liyane ujug-ujug moro dewe. Salah sawijine banjir kang ngagetno wong akeh. Asline yo ga terlalu kaget amarga tahun kepungkur wes tahu banjir nang perumahan. Najan banjire ora nganti mlebu omah, nanging tetep ngegirisi ati. Was-was piye maneh yo tetep ga iso menghindari.

Ceritane omahku iki ndek perumahan kecamatan kota. Mari pindah seko Mbogor aku sak keluarga terus manggon nang kene, Lamongan Jawa Timur. Milih omah ndok perumahan ben kabeh fasilitas wes lengkap tinimbang mbangun dewe. Lokasi ndek kota yo dadi pertimbangan ben gampang yen arep menyang luar kutho. Meh lunga nang Jakarta utawa kutho liyane, guampang pol. Karek pesen karcis sepur terus numpak ndok stasiun sing jarake cedhak. 10 menit wes tutuk kono.

Kabeh omah nang perumahan kacop banyu sing ora morak-marik

Lanjut perkoro banjir. Omahku ki strategis lokasine. Ancer-ancer gampang nek arep dikunjungi. Ngarep tambak pas nok blok rolas ngadep ngalor sing ga duwe tonggo ngarep omah. Amarga ngarep omah ono tambak lan sawah, hawane yo isih sejuk soale angin teko wit-witan ijo bablas nang omah-omah sing cacahe ono rolas. Tinimbang omah blok liyo sing ngarepe yo omah warga, suasana nang blokku uenak lan kondusif gae nulis utowo nggawe makaryo kreatif.

Sayange kahanan kuwi ora selawase penak lan ngepenakke. Jenenge wae urip nang ndonya, mesti ono untung rugine marang pilihan sing dijupuk. Salah sawijine yo banjir iki. Blok liyo kenek banjir mergo banyu got amber nang dalan. Kudu nunggu pirang-pirang dina supaya banyune mili utawa nresep nang lemah. Butuh panas serngenge sing mencorong ben banyu ndang susut lan lemahe garing.

Nek blok liyo iso main dam ben banyune suda, lah blok rolas omahku iki rodok angel. Mergo banjire dudu seko kali, tapi seko amberan banyu tambak sing tambah suwe tambah kebak mergo banyu udan. Saiki kondisine latar ngarep omah wes kerem alias kelem. Wes limang omah sing ngarepe kerendem banyu buthek lan kotor. Umpama udane terus mudun, iso-iso rolas omah kacop kabeh, minimal teras omah.

Ngene iki solusine kudu menyeluruh. Kudu komprehensif jare arek-arek mahasiswa. Ga iso separuh separuh, kudu gelem lan kompak golek solusi sing paling menguntungkan. Nek gerak dewe-dewe, bakalan angel soale wilayahe kan dadi siji. Tapi Yo jenenge warga +62, diajak kompak rasane kok uangel pol. Kadang koyo wong fatalis sing nerima apa anane kahanan tapi ga gelem usaha maksimal. Iku jenenge bodo, gaiyo ta?

Nek nduwe duit, penakke yo pindah omah sing apik. Sing lokasine ga kebanjiran, sing wargane iso diajak kerja sama gae kaapikan sak kabehane. Tapi sing kedua iki rodo angel, pola pikire angel diubah mergo kurang maca lan kurang pergaulan. Dolane kuranga adoh. Literasi ga mlaku. Kongkon maca sing temenan jare males. Tibakke iku utek lak iseh alami, orisinal soale arang digawe.

Akhire mung dunga ben wabah cepet musnah lan banjire suwe-suwe suda. Mesakno wong-wong sing dapur lan kamar tamune kebanjiran. Arep nolong tapi ga iso mergo kahanane repot kabeh koyok ngene. Mugi Mugi iso syukur nang Gusti Kang Murbeing Dumadi.

Pripun keadaan konco-konco bloger saiki, Rek? Jolali maem dan dungo loh gaes.

18 Comments

  1. Mugo-mugo ora kebanjiran meneh ya Bro. Musim kopet, eh lhaaaa covid makside, kabeh-kabeh dadi angil yooo. Meh tetulung tonggo teparo ae bingung. Mugi Gusti gek ndang paring pangampunan marang awake dewe ngene iki.

    Like

    1. Suwun yo Mak. Bener makbro, arep kumpul-kumpul yo waswas mergo wabah covid. Akhire ngungsi diset ke rumah ibu ing kecamatan liyo. Mugo ndang dicabut wabah lan musibah kabeh yo Mak. Kudu tobat tenan….

      Like

  2. Alhamdulillah banjir ng latar nggarep omahku wes surut kak, tapi ya ngono banyu sg ng njobo deso luweh dukur timbang sg njero deso, mugo2 gak udan mane dadi gak kebeg mane.

    Like

  3. Ndilalah yo kok ngrasakno banjir ping pisan malah pas wis pindah nang LA. Saumur urip nang Jakarta-Mbogor yo gk pernah tau banjir. Ya Allah, kulo nyuwun pangapuro sing kathah. Mbok menowo kulo mboten kathah syukur. 😭

    Like

      1. Alhamduilillah kami masih dalam lindungan Allah subhanahu wa ta’ala. Senantiasa berhati-hati kalau keluar rumah. Sejauh ini self isolation. Sudah hampir 1 bulan.

        Semoga Allah segera mensudahi musibah-musibah yang kita alami. Aaamiin yaa Rabbal’alamiin.

        Liked by 1 person

Tinggalkan jejak

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s